Mung wekas sun ingkang emut pisah kumpul,
yen tunggallir paran,
lamun pisah kadi pundi,
saben dina kudu weruh kasat mata.Aja manut santri kang kranjingan kalbu,
Allah saben dina,
den onggrong-onggrong ing dikir,
nanging paksa nruthuk mamak tuli wuta.Arang weruh wandane ngalor angidul,
kinandhut ginawa,
nyunggi anggendhong anyangking,
marma akhe santri kang gawe kiyanat.Kitab usul Kur'an Tapsir kang gi.nilut,
prandene kasasar,
engetane narik silip,
ngambra-ambra kehing dalil manjing jiwa.Nanging bawur saya gasruh mawut-mawur,mirang-miring merang,
kendho nora na ngantepi,
moh mangeran wujud moh mangeran swara.Emoh dhaku asma moh mangeran suwung,
sajatine sonya.
mung aran kang den gandhuli,
sasat Cina neng klentheng mendem carita.Durung weruh neng dunya.panggonanipun,
ngakir maneh wruha,
ngantepi unining tulis,
pan karane sampurna jeneng manungsa.Tiru-tiru rukuning Islam dhinaku,
sadat salat jakat,
puwasa myang munggah kaji,
akeh bae santri ingkang kasangsaran.
136