Ing parimwus Gusti datan mawa tutuk,
karsa tanpa mangsa,
budinen pasthi pinanggih,
awit nora adoh saking ananira.Tan lyan nemu urip kang nemu pakewuh,
rasaning ngagesang,
wus jamak jenenging ngurip,
lir kalpika emban kalawan soca.Yayah alun Ian sagara tunggal banyu,
myang kalak-kenanga,
Wisnu Kresna dadi siji,
wujud roro wawayangan jroning kaca.Paminipun sira yen dulu dinulu,
anyar sipat padha,
jaba paesan jro carmin,
sapa ika sajati-jatine sira.Ingkang maksud gegulang lakuning wujud,
wong kang ahli tekad,
darajatun dunya ngakir,
kang tan mikir yakti pekir budi dama.Kudu maksud lumiyat rupa satuhu
lamun wus waskitha,
titi kasat mata muksis,
nora lami bangkit jumbuh angga suksma.Yen wus mathuk gusti Ian kawulajumbuh,
ywa den go rerasan,
sungkan kasoran pamanggih,
sasabana mangkono trahing kusuma.Lamun muwus parah-parah aja kaduk,
awit sasengkeran,
larangane dwija wali,
yen kongsi kawakya medhotken jangga.
135
135