Balik amung ngeningna musthikeng kawruh,
ngungseta ing cipta,
mumpung gesang ywa salingsir
barang pikir kabeh idayating suksma.Saksinipun jroning tapsir sung pituduh,
muni inahuda,
hudayah jarwanireki,
karsanira saha pituduh dat mulya.Ing jro kalbu rumangsaa sira makluk,
sakrenteging cipta,
ngraa dat ingkang suci
nanging aja wani angaku Pangeran.Rehning wujud kidam baka mukalapu,
sinandhang ing sira,
ing ananira pribadi,
an insanu siriwa anasirolah.Tegesipun rasanira rasaning Hu,
tan liya dat mutlak
marma tan pisan sireki,
kagadhuhan kuwasa kalawan karsa.Mobah muwus kumrenteg arahing kalbu,
purbeng kodratolah,
tan miwiti tan mekasi,
tan timbangan datan nganggo lalawanan.Marma jromu sayaktine iku dudu,
rehning maha mulya,
nora pakrana lan dasih
lah budinen manawarsa danurjengrat.Hyang Mahagung nora weneh aranipun
kartining buwana,
gedhe cilik amenuhi,
pandulune pamyarsane aneng sira.
134