Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Wruhanamu maskaki dadining makluk,
    wit iradatolah,
    ingaranan Roh Ilahi,
    tunggal wujud den arani Johar Awal.

  2. Asal catur bumi geni angin banyu,
    kumpule satunggal
    iya gusti iya abdi,
    sayektine gusti kawula sliranta.

  3. Lamun puput uswamu bali mring usul,
    aran wujud tunggal,
    tanana kawula gusti,
    badan suksma langgeng ing salawasira.

  4. Kang kadyeku mati mulih ilang nglangut,
    kang mati roh kadas,
    kang mulih wujud mukadim,
    nanging thole nora katon kasat mata.

  5. Panggonanmu iya kang diarani Nur,
    nuring Mukamatan,
    pardikane cahya Nabi,
    kakekate enur cahyanta priyangga.

  6. Rupa jumbuh istha cahyaning jaba jud,
    kuning maya-maya,
    iku kang sira leboni,
    lah puniki rasane karasakena.

  7. Kancil matur yen makaten kyahi ulun,
    sampun datan nedya,
    wangsul saking ngriki mangkin,
    sam pun kraos judheg nikmat lan mupangat.

  8. Keyong muwus, o o kaki iku dudu,
    yakti durung kena,
    lamun tan kelawan pati,
    aywa sira gege mangsa kodratolah.

133