Luwih ewuh gegulang muksising kawruh,
kang weruh sat mata,
ewuh rungsit den kawruhi,
nora wikan yen cedhak tanpa gepokan.Sira kulup aneng jroning garbaningsun,
yektine tan beda,
neng jro garbanta pribadi,
iya sira wujud tan siwah lan suksma.Dene sun wus sung wruh sanyataning kawruh,
tilik marang paran,
ngalam sahir ngalam kabir,
nora beda jaba jero warna juga.Saksenipun yen sira dulu dinulu,
apa jroning kaca,
sawujut ngalam sakalir,
nora siwah cocok lan daliling Kur'an.Wal ngalamu kabirdakala sahiru,
jarwane mangkana,
jagad gedhe manjing cilik,
wruhanira sira hyun manjing ngakerat.Warnanipun iya iki kang tertemtu,
nikmat lan mupangat,
nora ngrasa ngelak ngelih,
kang mangkono aran jaman ulu iyah.Kancil matur Kyahi kula nyuwun tuduh,
kadadosan amba,
saking punapa ing nguni,
wonten ngriki dipun wastani punapa.Mungguh ulun dumunung sajroning kalbu,
pundi sasananya,
mugi kajarwakna kyahi,
keyong Darmawasita asru narbuka.
132