Dene kang cengkrama nuksma,
aran datul insan kamil,
dadi sahadat kang nyata,
ingaranan salat Da'im,
puji kang tanpa tuding,
sahadat kang tanpa sadu,
komram dadi pralambang,
pasemone pra undhagi,
randu alas mrambat witing kasembukan.Sipate langgeng tan owah,
nora melu ngelak ngelih,
suka bungah lara lapa,
datan pisan den raketi,
de kang kanggonan kaki,
Mukamad kang mengku Rasul,
Rasuling suksmatanya,
ingkang yogya amumpuni,
tur waskitha pramana reh karsaning Hyang.Dene kang cengkrameng jiwa,
Hyang Permana den wastani,
iku tembunging wong Buda,
kalamun basa Arabi,
napas arane kaki,
mutamating para guru,
ing Jawa kang wus pana,
napas itu tali urip,
angen-angen panggonane kang sanyata.Yen pisah tirip priyangga,
jumeneng sukma sajati,
nuksma mratani buwana,
palguna umatur inggih,
yen makatena kyahi,
inggih punika saestu,
pathining rasa mulya,
kang sayogya den ulati,
wujut tunggal-tunggale yen sampun pisah.
129