Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Tandya nir kang kantha papat,
    nulya ana malih keksi,
    manther murup mung sajuga,
    nanging wewolu kang warni,
    palguna matur aris,
    dhuh punapa wastanipun,.
    pundi ingkang sanyata,
    kang yogya dipun ulati,
    wonten kadi retna muncar mawa praba.

  2. Saha wenes maya-maya,
    istha pradapaning jering,
    kang wilis abra markata,
    biru wenes angebati,
    weneh lir golek gadhing,
    prabanya adi umancur,
    dhuh punika punapa,
    Keyong amangsuli aris,
    wruhanira iku cipta lan pangrasa.

  3. Mungguh sakabehing warna,
    ana ing sira pribadi,
    samoa gumlaring dunya,
    ginambar sajroning jisim,
    ngalam sahir lan kabir,
    nora siwah ananipun,
    waspadakna kang nyata,
    muksis pamriksaning sahir,
    iya iku ing tembe panggonanira.

  4. Mungguh uripe bawana,
    datan kakung tan pawestri
    nora rupa nora warna,
    datan kasat mata keksi,
    mung hawa midreng bumi,
    iku kahananing wujut,
    dat kang mulyeng bawana,
    musamanira Hyang Widi,
    kang ngebeki dununge panggonan sunya.

128