Bisa wor gusti kawula,
yen sirna bang ireng kuning,
lestari wor sajugarsa,
dene jerenge napsu tri,
dayane datan sami,
ingkang ireng luwih kukuh,
mahyakken duka cipta,
narik dur panguring-uring,
ngambra-ambra brangasan tanpa wasana.Nutupi pangudi wirya,
dene napsu ingkang kuning,
nggegendheng mring panasaran,
cegah nembah mring Hyang Widi,
sabarang karsa yukti,
pinambengan kuwat kukuh,
kudu karem musibat,
deneng kang abang karem ring,
sandhang pangan turu tanpa nganggo duga.Cipta ngangsa-angsa kurang,
drengki srei kang ingathik,
dene kang putih punika,
anteng ora ika-iki,
prawirarja basuki,
susila kramambeg alus,
ngelmu sasmita rasa,
sarjana murtining budi,
santadarma ayu sabar ing klakuwan.Yeku putih tanpa daya,
tansah kasoran pribadi,
dening kuning ireng abang,
genti karsa tan watawis,
yeku paminireki,
marma yen ngasorken telu,
dadi musthikeng titah,
mutyadi nyanjana murti,
kanugrahing Hyang kang murweng buwana.
127