Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Kul sabda dhateng palguna,
    heh kancil kang awas eling,
    nuli dudu wasira,
    apa kang katon ing wami,
    kang kinon matur inggih,
    wonten kang kawula dulu,
    kantha catur prakara,
    abrit cemeng kuning putih,
    adhuh kyahi punika jinis punapa.

  2. Mangsuli ingkang tinanya,
    heh thole sira mangeksi,
    durung weruh asmanira,
    iku sajatine kaki,
    pancabayaning pati,
    kang nenuntun mareng dudu,
    iyeku sipat mokal,
    dadi manggalaning ati,
    luwih kuwat gegendheng sipat kang mulya.

  3. Yeka paningaling cipta,
    tengerana kang sajati,
    ing ngendi panggonanira,
    dene ireng abang kuning,
    iku durtaning budi,
    ngebeki jagad jisimu,
    dayaning tigang warnaa,
    dadi pamurung utami,
    ambutoni marang cipta kautaman.

  4. Marma sapa bangkit nulak,
    ing wama bang ireng kuning,
    katri kumunahing tapa,
    guna dikane kang yukti,
    ngadhangi tyas kang suci,
    nyirnakken sakehing ngayu,
    harda ngrusak kamulyan,
    mahyeng kara murkeng bumi,
    sapa ingkang bangkit nulak sabilolah.

126