Sakurepe dirga loka,
kang isi surya sitengsi,
salumah isining dunya,
tan sesak ring garba mami,
yen manjing lobok pasthi,
Kancil saya dahat sengkut,
mesem danurjeng nala,
matur sandika ing tuding,
mastu tiksweng suta gya karsa tan taha.Kakyage sira pareka,
iki grananingsun kering,
dwara adoh tanpantara,
Kancil nawang sigra manjing,
cocok wasita uning,
pintu sajuga anglangut,
tan dangu laksitanya,
prapteng jro garba byar meksi,
tanpa tirah awang-uwung nglangut nglanat.Tan weruh kulon Ian wetan,
lor kidul myang ngandhap nginggil,
ngarsa wuri kering kanan,
dudu rina dudu wengi,
Kancil sedhih kang ati,
Keyong nebda heh ta kulup,
ywa maras atinira,
sanalika kancil ngeksi,
ing kul Darmawasita asrep tyasira.Nulya wruh padhanging jagad
lor kidul wetan kulon wrin,
ngisor dhuwur tetela trang,
weruh surya candra tuwin,
tetuwuhaning bumi,
kadulu pepak sadarum,
lawan keyong pinanggya,
neng sajroning ngalam Sahir,
saha sami saged awawanan sabda.
125