Kapriksa netra kepala,
supados matheming galih,
ngesthi nganggep ingkang muhtas,
sakir kabir den ngengeri,
pinungseng jroning ngurip,
tunggal rasa cipta jumbuh,
paworing gusti kula,
paran dennya nglaksanani,
laksitanya tembe ingkang amba sedya.Keyong mesem nambung sabda,
Kancil wuwusmu patitis,
muweh tandha cipta rasa,
klahir pejah sileng budi,
yen mangkono sireku,
temen-temen pangungsetmu,
estu datan suminggah,
ingsun darma wasita di,
pami wiji cukul ora wit sasana.Sireku pami panggonan,
ngelmu luwih dadi winih,
yen loh saha rabuk kathah,
wijine luwih andadi,
woh mentes maratani,
mawur sumebar misuwur,
kang mangkono sedyanta,
payo umanjinga aglis,
marang kana sajerone guwa garba.Garbaningsun lebonana,
Kancil kagyat matur aris,
ing pundi margi kawula,
reh amba ageng tur inggil,
tinimbang Ian kiyahi,
buntut kawula kang pucuk,
yakti mangsa sedhenga,
keyong mesem nabsa aris,
gedhe endi sira lan gumlaring dunya.
124