Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

14. SINOM

  1. Sageda muksis ing sedya,
    puja puji siyang ratri,
    aywa muja tawang towang
    suwung wangwung tanpa saksi,
    kang cocok sajroning sir,
    Gusti myang kawula jumbuh,
    ngenal yakining cipta,
    amba esthi kang tan slisir,
    laksitamba tembe reh maksih taruna.

  2. Sajatine kul wus wikan,
    yen kancil titah linuwih,
    tembe yun kasumbageng rat,
    mardu mardika ing bumi,
    susila krama niti,
    budya yu maharja tulus,
    lulus panjenengannya,
    tata titi yuda nagri,
    ambeg tama putus mranata agama.

  3. Ngluhurken datul makola,
    wedi asih amemuji,
    Kancil sinihaning para,
    nabi mukmin ulya wali,
    ahli yukti kang budi,
    kadarman tyas santa sadu,
    sutrisna ing sasama,
    kahananireng dumadi,
    pratignyeng reh ngelmu rasa sasmitarja.

122