Kaca iki wis divalidasi
amor lemah tan wujud,
bumi langit danu maya nir,
kabeh gumlaring dunya,
yeku kayat kayun,
kang mangka sirarsa tampa,
ngelmu rasa rasane ing ngrika ngriki
ungseden den prayitna.
Ana rupa kulup kang sajati,
sebak tawon gumana manuksma,
lah endi dumuken thole,
wujud kang padha ratu,
kinawasa kaluwih sakti,
panjing pinanjing karsa,
yeku sipat alus
aliru liniru suksma,
ingkang dadya mukaning sipat sakalir,
lah mara aranana.Kancil matur adhuh bapak kyahi,
kawula estu dereng uninga,
muhung saweg wruh asmane,
menggah musamanipun,
dereng saged kawula kyahi,
tan liyan mung sumangga,
srah blilu truwilun,
nyuwun ngatas kareng tedah,
asma miwah musamane kang kakiki,
ambestu yun prastawa.
121