matheming kawruh murtyarja,
Kancil saya ngangseg neseg minta malih,
blabaring kanugrahan.
Nulya matur dhuh bapak manawi,
parenging panggalih suci ekhlas,
amba nyuwun wijang maleh,
bab sajatining layu,
murut saking iradat tihi,
keyong marwateng nala,
insa Allah sukur,
sira bisa tampa jarwa,
pasang cipta karni sopana dumeling,
titis tampa wasita.Nabda malih keyong marang kancil,
poma thole aywa nglirken wekas,
babing urip klakuane,
asiya saineng makhluk.
urip iki sasmiteng bumi,
dadya saksinireng dat
kang kajibul wujud,
pacengkraman kodratolah,
kayat kayun punika sipating gusti,
dat ingkang suci mutlak.Marma kitab tapsir wus wawarti,
kayun bil tokit tegesnya,
Allah tanpa roh uripe,
balbikayati iku,
balik urip lawan pribadi,
tan tengaluk sabarang,
nora ngelak lesu,
nora susah tuwin bungah,
mutamate logat kang mangkono kaki,
dadya jatining Islam.Dadi tali pikukuh imani,
yen tan jumeneng kayun punika,
ragamu lebur yektine,
120