nyirnakaken napsu tri prakara,
sida ing kono pawore,
kawula gusti kumpul,
nora pisah nora sawiji,
jarwengsun rasakena,
kang umancing kalbu,
wajibing kawula pana,
kang premanem tindak ala tindak becik,
iku budi sujana.
Bangsa Ngajam ingaran prang sabil
sabilolah dadalan ring Allah,
wong kang nyegah kanepsone,
kang ngubungi reh dudu,
tetap dadi regeting buini,
dadya kapir sanyata,
datil Kur'an sung wruh,
wal kapir sipatul kadas,
pardikane rereget sipating kapir,
iku ingkang prastawa.Pepeteng geng tumempuh ing pati,
tan patitis raketing kamuksan
bab saka reged budine,
luput nuksmeng pamurut,
marma sira mirib bathar thik,
marang sudarmanira,
sang dwija pathangkus,
undhagi murti widagda,
pangajaran reh susila kramaniti
dunya mukseng kasidan.Kancil njenger leleng jroning ati,
pungun njentung kalahir anjarwa,
sarwi tarja sakathahe,
wus kajaja dhinaku,
awit cundhuk lawan pamikir,
luluh lumeketing tyas,
atas betal makmur,
119