Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    wruh jejodhon mau,
    jodhone gesang pra lena,
    jroning urip kudu ngupadayeng budi,
    reh urip nora lama.

  1. Urip iku pacangane pati,
    mangsa sira umur sewu warsa,
    sangang puluh bae layon,
    arang kang umur satus,
    urip ngakir tanpa winilis,
    swarga nraka cinadhang,
    lah miyata usul,
    apal maknane pahamna,
    walmayitu pi ngalamil kubriyajit,
    kalibau tegesnya.

  2. Pati iku ngalam kubur manggih,
    badan kadi neng dunya tan siwah,
    oleh swarga nraka gedhe,
    marma salawasipun
    urip aneng dunya ngupadi,
    budya yu utamarja,
    mumpung sira kulup,
    maksih ngraket pancadriya,
    ikut ingkang bangkit ngrowangi pamuji,
    sakumrenteging dhadha.

  3. Lah ajaren nalamu pribadi,
    rehning pancadriya manut manah,
    mrih jaba jero rujuke,
    tunggal sawiji bagus,
    bagus solah tingkah myang karsi,
    karsa kang murang sarak,
    binuwang linebur,
    ngraket kang yogyarja tama,
    temen-temen pangekering patrap silip,
    tetep wong sarjanengrat.

  4. Sing sapa bangkit angampah juti,

118