Waspadakna umiyat wong bangkit,
wus tan tampik sabarang kawignyan,
tan tampik takoning ngakeh,
kang sawataranipun,
seje kaya sireku kancil,
pintermu mung samendhang
pangrasamu putus,
umuk trahing daniswara,
trah pandhita ngaku satriya utami,
o gampang temen sira.Nora kurang satriya trah gusti,
dadi kompra nrutus adol kandha,
ngalor ngidul golek-golek.
yen kojah katon cubluk,
awit nome tan olah budi,
turun pindho ping tiga.
nuli dadi bau,
radene bae wus sirna,
keri mas-mas nganten kadhang amung si,
yeku wong tanpa guna.Ingkang kadya sariranta kancil,
marma racuten budimu rucah,
lir kang wus kwetu wingine,
saha pikiren kulup,
akeh para pidak wong cilik,
trah kuli oleh bagya,
kombul drajatipun,
ing mancapraja tan kurang,
anak bau sinembah sembah sesami,
iku sababe apa.Upayanen yen sirarsa luwih,
iku dadi wuruk trah satriya
kusuma kang kaya kowe,
antepana wuwusmu,
ngaku-aku satriya tami,
yen wus panggih sababnya,
117