yeka tandhane kayun,
nora kena den wewatoni,
kadama sor nistharda,
jodhone kang punjul,
yen dama nistha tan ana,
wus tertamtu tama luhur tan pinanggih,
becik jodhone ala.
Gehe cilik sugih lawan miskin,
lanang wadon bodho lawan limpat,
elor kidul wetan kilen,
ing ngisor lawan dhuwur,
surya candra sagara ardi,
sakehe kadadeyan,
kodrating Hyang Agung,
kang gumelar bumi kasa,
tetimbangan dunya ngakir nraka swargi,
iku pikiren poma.Aja sira ngendelake kancil,
ing kagunan tuwin kasantikan,
Nitisastra lukiteng ngreh,
santero aran punjul,
pasthi ana ingkang ngungkuli,
sarehning pancadriya,
pangambu pangrungu,
pamuwus saha pamriksa,
cukul saka ing liya marmane kancil,
sira ngati-atiya.Lamun arsa swarjana murtyadi,
den owaha wahyaning wicara,
ywa kaya duk wingenane,
marma ingsun tan gumun,
umyat solah bawamu kancil,
kacihna arda dama,
tyas kuthung triwilun,
pangucapmu wus meh wikan,
yen kang blilu pintere amung sacuwil,
sirenggep dirgeng guna.
116