Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/111

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    parandene kang ala dipun lakoni,
    reh durung tau wirang.

  1. Wirang iku kasangga pribadi
    yen wus nyangga lagy eling kluputan,
    iku weruha sababe,
    uripe wong sawegung,
    jroning ati ana papali,
    amumulang klakuan,
    ala becik weruh,
    reh kuwat rindhuning hawa,
    estu budi kelu panggawe kang juti,
    padha saben wong gesang.

  2. Lah pikiren wasitengsun kancil,
    aja merang wet warah wong nistha,
    nadyan sipatingsun asor,
    nanging warsitanya yu,
    anenarik tyas niti surti,
    kalawan malih sira,
    ungas ambeg baut,
    saha ngalirken pangerang,
    anenacat nguman-uman tan pakering,
    tembe elinga sira.

  3. Sakabehe kewan kutu kumlip,
    ingkang sipat kayun-kayuning Hyang,
    pasthi gedhe paedahe,
    nadyan barang kang cukul,
    wujud gumlar isining bumi,
    kabeh dadya piwulang,
    ngluhurken Hyang Agung,
    kang bodho myang kang sarjana,
    karo dene nguni ciptamu mring mami,
    mokal kalah lan ingwang.

  4. Lawan sira tikel sewu kethi,
    saking gedhe dhuwur kuwat sira,
    parandene kasor kowe,

115