tuwin ingkang ambeg dirgung,
paksa unggul priyangga,
ngungkat krama wahyeng basa tanpa koguk
lah ta mara tutugena
entekna budimu kancil.
Palguna terang miyarsa,
pamuwusing keyong mangesi-esi,
dahat merangireng kalbu,
nanging njenger kewala,
narimeng tyas alon maju klunan-klunun,
kawula samangke tobat,
dhumateng paduka kyahi.Mugi paringa ngapura,
sakathahing lepat kawula kyahi,
sampun kang mlajar pukulun,
njunjung kuping kewala,
datan bangkit telas krosan amba sampun,
bunar lingling ciptarasa,
menggah menggeh kempas kempis.Kul gumuyu sarwi nabda,
dena amung samene togmu kancil,
tan timbang lan culing wuwus,
lir ngrubuhna akasa,
iya iku rupane wong kumalungkung,
marang harjaning ngagesang,
kumingsun anggugung dhiri.Prasan atimu kul nistha,
dumeh kuru keri karo sasami,
den piyagah ina tan wruh,
wekasan nawung kridha,
gunadika sujana putusing kawruh,
satus yuta kaya sira,
tangeh bisa animbangi.
113