Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    Kancil marpeki wikan,
    wus tetela kul keksi gandhulan lumut,
    palguna nir kang weweka
    reh sipating keyong sami.

  1. Kancil trangginas malajar,
    ngantep ngentingaken ingkang subadi,
    paribasan sipat buntut,
    watara satus cengkal,
    nuli leren mempis-mempis manguwuh kul,
    saiki sun tututana,
    kang ngarep mangsuli wengis.

  2. Iki keyong wicaksana,
    lah entekna karosanira kancil,
    iya sun kul sudibya nung,
    murtining buron tirta,
    kang mumpuni kawruh samining makhluk.
    anaa sewu lir sira,
    bareng mlayu sun tandhingi.

  3. Lah wetokna kadibyanta,
    lan raupa raimu kang resik,
    kumawani ngadu playu,
    lan keyong dibya tama,
    Kancil dahat merang dupi nyarsa wuwus,
    plas lumayu yayah kilat,
    antuk satus meter nuli.

  4. Ambruk ngalemprak sakala,
    gereng-gereng ngirintih waspa dres mijil,
    napase angangsur-angsur,
    aneng pinggir susukan,
    getuning tyas nora ngira satus ewu,
    mustahilireng lampahan,
    paribasan giri lusi.

  5. Yeku rupane glah-gelah,
    ora nganggo wigih lan gedhag-gedhig,

112