Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    ngantepi culing basa,
    lah ta age tututana sun malayu,
    karo engklek pepincangan,
    sirig-sirig ngguyu nggigik.

  1. Playune mung api ora,
    ciptanira keyong datan nututi,
    mendhak mungkur dennya mlayu,
    antuk nem meter nulya,
    Kancil mandheg celuk-celuk sarwi ngguyu,
    heh keyong sun tututana,
    burunen iki Sang Kancil.

  2. Kul ingkang ngarsa tumanggap,
    wuwusira reh wus saeka kapti,
    kadi kang sampun kasebut,
    heh kancil tututana,
    payo ngadu kabanteraning lumayu,
    Kancil kagyat dupi myarsa,
    swarane keyong neng ngarsi.

  3. Sigra-sigra pinaranan
    panggya keyong munggeng tepining warih,
    pratistha gandhulan lumut,
    dhasar rupane padha,
    nora ngira yen puniku akal palsu,
    Kancil ngunadikeng nala,
    e, e, teka nggegumuni.

  4. Keyong nulya sru wacana,
    kaya paran endi playumu malih,
    Kancil sigra dennya mlayu,
    nyirig ancecongklang,
    watarra wus telung puluh meter antuk,
    tandya mandheg undang-undang,
    keyong tututana mami.

  5. Nauri kang dipun undang,
    endi kancil kang ngaku linuwih,
    tututana playuningsun,

111