Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

    pinutungan wus mangkono adatipun,
    gemah harjaning ing Jawa,
    saking kuinpeni ka sathithik.

  1. Sawuse keyong sumebar,
    kacarita praptanireng prajangji,
    Kancul wayah jam nem esuk,
    prapta ing Situbanda,
    sru gambira ing nala dahat kumlungkung,
    marma anetepi setya,
    neng kene uwis pinanggih.

  2. Gumuyu alatah-latah,
    sarwi nabda heh keyong prapta mami,
    kene maksih umun-umun,
    yun nyatani ubaya,
    pratiknyanta rikat-rikatan lumayu,
    amung tutuhu mring sira,
    yen kalah poma ywa isin.

  3. Mumpung durung linampahan,
    prayogane wurung kewala mangkin,
    aja gela tyasireku,
    sun pasthekken sun timbang,
    nora pisan-pisan bisaa mlayu kul,
    lumaku bae katara,
    repot angleler tur rindhik.

  4. Marmane wurung kewala,
    lir sarjana kang durung wus pinikir,
    pupuran sadurung benjut,
    keyong nambungi sabda,
    kasinggiyan nanging ingsun uwis rembug,
    tan ngamungken sira ingkang,
    kanggonan budi patitis.

  5. Kancil muwus keyong sira,
    nora kena sun eman manggya yakti,
    kumawani isin mundur,

110