kang neng ngarep sumaura,
heh kancil ingsun wus dhingin.
Dena kang cedhak andhegnya,
ywa sumaur yen ngetarani sandi,
kabeh sanak-sanak ingsun,
inggal padha mapana,
ngeli bae supaya rikating laku,
kang kongsi tekaning sawah,
kang mulat playuning kancil.Wus abipraya samoa,
nalar ingkang wus kasebut ing ngarsi,
nulya budhalan sagung kul,
lir inpantri komandhah,
nadyan rindhik nanging rikat kentir ranu,
saben patang meter juga,
keyong kang jaga neng pinggir.Suksukan angum ing toya,
gumandhul ing lumut nyamar tan keksi,
racak samya agengipun,
bangsane kasusastran,
ing sasmita tuwin sampuma ing kawruh,
sangkan paraning ngagesang,
caksana mangulah dini.Budi wus saekapraya
bisa nanggung barang pakewuh prapti,
dadya tatangkising kewuh,
yeku dayaning nalar,
gecul kumpul bandhol ngrompol bangsanipun,
luwih maneh para janma,
lamun guyub anguwati.Upamane sapu sada,
sajroning suh pinutung nora kenging,
wit dayaning ngakeh kumpul,
yen kang sathithik gampang,
109