Kaca iki wis divalidasi
12. PANGKUR
Keyong mungkur nabda sugal,
bab palayon durung karuwan kancil
nanging sun samaya sesuk,
emben esuk baliya,
marga mengko sore sun ewuh nenuwun,
memuji muji raharja,
ing Dat kang murweng dumadi.Kancil tyasira sru girang,
marwatatma myarsa ponang prajangji,
sigra nabda amit mantuk,
wusing adoh lampahnya,
kawarnaa keyong nalarira cukup,
ngumpulaken para wreda,
kulawarga yun pergadring.Pepak sagung nawung kridha,
para niti surti sasmita lungit,
sinung wruh kawit witipun,
denira pasulayan,
lawan kancil daruna puwaranipun,
sadaya kul keyong rembag,
dene timbuling pamikir.Mangkana pamuwusira,
heh kang guyub kabeh ana ing pinggir,
suk-sukan gandhulan lumut,
let patang meter padha,
yen si kancil wus lumayu nguwuh-uwuh,
108