Menyang kontèn

Kaca:Serat Kancil 1.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
  1. Coba matiya bae wis,
    jaluka urip kang bregas,
    lamun kapengin kinaot,
    ingkang sadu parikrama,
    dibya niti sasmita,
    ingsun nguntapaken saguh,
    tumekeng jaman kamuksan.

  2. Keyong katgada miyarsi,
    sabdeng Kancil ngerang-erang,
    tumulya mijil budine,
    wangsulane ngasor raga,
    ywa tanggung budi dama,
    darmambeg asoring laku,
    heh kancil aja mangkana.

  3. Sanajan ingsun nglamimir,
    gremetan kether neng tirta,
    nanging tan wegah yen playon,
    ngadu dibya kasentikan,
    rikat rikatan balap,
    utawa bantering playu,
    lan sira ingsun kaduga.

  4. Lamun pinuju ing karsi,
    ngadu guna kaprawiran,
    ngatokken kautamane,
    sira malayu neng dharat,
    ingsun ana ing tirta,
    sira lumajar sun mlayu,
    cacate sun kapambengan.

  5. Tan bisa yen dina iki,
    Kancil sru gumuyu latah,
    toblas-toblas kowe keyong,
    sireku apa supena,
    nglindur melek-melekan,
    de wani playon lan ingsun,
    saya edan temen sira.

106