cemer ratuning kanisthan,
tan ana sudi mring kowe,
caturan kewala sungkan,
ingsun iki kabetah,
kajibah awawan wuwus,
tan wurung yen katularan.
Lan ngedohaken rijeki,
marakken ati kiyamat
wong cubluk lir kowe keyong,
apan ora darbe wirang,
wruh sasamining gesang,
asor pribadi badanmu,
klelar-kleler tanpa guna.Kapethuk bae niwasi,
sabab nyudakake nyawa,
beja ilang rijekine,
jroning patang puluh dina,
nir jangkah gayuh tuna,
sangisoring tahi besu,
seranduning badanira.Padha-padha buron warih,
luwih bodho luwih nistha,
nora maedahi kowe,
mandhak nulari ing kathah,
pengungira tinelat,
luwih gampang ngaji blilu,
kathelan nyonto caksana.Kayata upami janmi,
sakolah mring tuwan Rudhah,
slawe tahun durung ngentek,
balik ngaji marang sira,
sadina bae pana,
rehning kawruhmu terwilun,
blilu kumprung datan pakra.
105