Landa Inggris Prasman ngentek,
bab etung wutuh pecahan,
teler nomer sun bisa,
ukur elometer putus,
bobot liter kilo myang gram.
Sarengat tarekat ngelmi
kakekat trus makripat,
asnapu samaning manon
nora kaya keyong sira,
gendheng saha cilaka,
sepi kawignyaning makhluk,
keyong pinggir adoh praja.Mara coba sun takoni,
rupa lan dununging Allah,
pasthi nora weruh kowe,
nadyan bisa ngaranana,
aneng luhur ngakasa,
yeku ciptaning wong gemblung,
trima luwung angger gesang.Tan pisan nuksrneng utarni,
sarua iku tarima,
tandha yen budine rerneh,
romot rucah tan kacacah,
cacat dunya ngakerat,
puniku tedhaking pikun,
karem turu doyan rnangan.Beda lan sarjana murti,
Kancil susilarja tama,
angur mati lamun bodho,
rehe ing trahing kusurna
rembesing madukara,
rina wengi mamrih baut,
kautamaning ngagesang,Ywa lir sira tanggung urip,
104
104