caryan dennya ngupaya, kang Tirta Ning aneng Candramuka wukir, marga sengkeng den ambah.
Jurang pereng runggut kang wanadri, sato wana bubar kang katrajang, andanu sangsam lan banteng, amung wanara lutung, neng pang wreksa sangsaya mencit, lampahe Wrekudara, mawa bajra lesus, katah pang wreksa kaprapal, para wiku lan ajar manguyu cantrik, kang tapa neng pratapan.
Tilar depok pra samya angungsi, saking giris myat bajra ruchara, cipta yen gara-garane, Sang Hyang Bayu tumurun, wau Sena lampahireki, pratapan kang kamargan, sri panjrah maweh rum abra kang patra mbalasah, kang cepaka angsana lan gandasuli, argulo nagapuspa.
Katah mekar myang gambir malati, pratapaning wiku kang tinilar, tumiling tiling istane, nambrama kang lelaku, bramara reh manguswa sami, anglir karunanira, sih margeng malat kung, ingkang lelampah ngupaya, kang Toya Ning nuju kang surya nengahi, gumyus riwe Sang Bima.
Sangsaya dres bayu bajra tarik, Sena saya sengkut lampahira, surem baskara sunare, saking dres bajra bayu, saking genge garanireki, wreksa sol kapalajar, brungkat samya rubuh, ajar-ajar kapalajar, kutetaran wiku resi kang udani,metuk atur sesegah.
Nanging aturira tan tinolih, Arya Sena pan lajeng kewala, pan maksih njujur lampahe, samana prapta sampun, Candramuka guwaning wukir, sela-sela binubak, binuwangan gupuh, sanget den ira ngupaya, Tirta Maya ingubres datan kapanggih, Arya Sena sangsaya.
Apan sanget denira ngulati, Tirta Maya kang guwa binubrah padang tan ana tandane, Tirta Maya aggenipun, jroning guwa den osak - asik, saya