Menyang kontèn

Kaca:Serat Dewa Ruci Kidung.pdf/5

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi
– 5 –
DEWA RUCI KIDUNG
BEBUKANING CARITA
I. Kidung Dandanggula


Arya Sena duk puruhita ring, Dang Hyang Druna kinen ngulatana, Toya ingkang nucekake, marang sariranipun, Wrekudara mantuk wewarti, marang nagri Ngamarta, pamit kadang sepuh, sira Prabu Judistira, kang para ri sadaya Nuju marengi, aneng ngarsaning raka.

Arya Sena matur ing raka Dji, lamun arsa kesah mamrih Toya, dening guru pituduhe, Sri Darmaputra ngungun, amiyarsa aturing ari, cipta lamun bebaya, Sang Nata mangunkung, dyan Satriya Danandjaja, matur nembah ing raka Sri Narapati, punika tan sakeca.

Inggih sampun paduka lilani, rayi tuwan kesahe punika, boten sakeca raose, Nangkula Sadeweku, pan umiring aturireki, watek raka-paduka, Ngastina Sang Prabu, karya pangendra-sangsara, pasti Druna ginubel pintih ngapusi. Pandawa sirnanira.

Arya Sena miyarsa nauri, ingsun masa kenaa den ampah prapteng tiwas ingsun dewe, wong nedya amrih putus, ing sucine badanireki. Sena Sawusnya mojar, kalepat sumebrung, sira Prabu Darmaputra, myang kang rayi tetiga ngungun tan sipi, lir tinebak mong tuna.

Tan Winarna kang kari prihatin, kawuwusa Sena lampahira tanpa wadya amung dewe, mung bajra kang tut pungkur, lampah mbener amurang margi, prahara munggeng ngarsa gora reh gumuruh, samya giras wong padesan, ingkang kambuh kaprunggul ndarodog ajrih mendak ndepes manembah.