Tekad ingkang wus sampurna, sawusira mangkaneki, Raden Arya Wrekudara, lajeng maptuk mring nagari, tan mengeng tyasireki, tan pangling sariranipun, sawujud panuksmanya, lair sinasab piningit, linakonan mengku kasatriyanira.
Pamurwaning jagad traya, kalairan batinneki, apan nora kawistara, pan kadya satu upami, munggeng rimbagan nenggih, wanta ing lampahipun, Dyan Arya Wrekudara, prapteng Ngamarta nagari, pan dumrojog lajeng manjing jroning pura.
Sira Prabu Judistira, lan Sang Prabu Harimurti, pinarak munggeng paningrat, kang rayi tetiga sami, munggeng ngarsanireki tan liyan kang ginunem amung, kang rayi kesahira, denira manjing jaladri, dereng dugi Sang Nata dennya ngandika.
Kasaru Sena pratanya, meng ngarsa rinangkul sami, mring Sang Prabu kalihira, sawusira tata linggih, Danandjaja nulya glis, lan Nangkula Sadeweku, suka angaras pada, kang raka rawuhireki, Prabu padmanaba alon angandika.
Yayi praptamu bageya, sokur anemu basuki, kaya paran Jakunira, nggonira manjing jaladri, Wrekudara nauri, lamun lampahe ingapus, ara Wiku kang marah, lamun ing sagara sepi, nora nana ingkang Mahosadi Tirta.
Enggoning langit watesan, tan ana kang bisa ngambil, sun kinen mulih kewala, dadine mangkene iki, wus tita sun titeni, Kurawa ing cidranipun, suka duk amiyarsa, ngandika Sri Harimurti, pan ing wuri iku yayi kawruhana,