nan] ingkang putra ||
8. jangkaning wong Majapait | ingkang alul amicara | besuk ana ratu wadon | luwih arjaning nagara | ing jagad tanpa sama | sami pêpadhaning ratu | Prabu Èstri tanpa sama ||
9. kala jênênge narpati | Prabu Èstri Majalêngka | para buyut adèn-adèn | ajar wêwasih[11] jêjanggan | malandang lan bujangga | para juru para sêpuh | atur bakti kumawula ||
10. sajênênge sri bopati | nyakrawati baudhêngdha[12] | lir banyu mili danane | asri arjaning nagara | sajagad tanpa sama | wadyabala samya rêmpug | tuhu adil palamarta ||
11. ikang kinarya pêpatih | dènira Sang Prabu Kênya | nênggih Ki Patih Logêndèr | agung dipun bapa-bapa | dènira sri nalendra | datan pêgat dipun tangtun[13] | yèn sang putri darbe karsa ||
12. kasusra yèn ratu luwih | Prabu Èstri Majalêngka | agung wadyabala kabèh | parentah lir guladrawa | suka sugih wong desa | tulus kang sarya tinandur | murah kang sarya tinumbas ||
13. kalangkung singit narpati | kala miyos sinewaka | anèng jroning kobong mangko | munggèng ing kathil kancana | amawi galedhegan | sinèrèd pêdhêkan agung | lêlangse kumitir jiga[14] ||
14. sakèhe wong Majapait | para mantri lan ponggawa | tan wikan marang [ma...]