Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/99

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

11. Neng Pasundhan anjèbus. amblès malih (n)jêbus wontên Kuwu. ing Carewek Mandhikil jêbusnya malih. sampun cêlak nagrinipun mlampah dharatan nalosor.

12. Dumugi praja (n)jujug. kapatiyan wus kêrit lumêbu. dupi prapta ngarsa nata mangenjali. kyana patih makidhupuh Tunggulwulung analosor.

13. Lampahira ingutus. sampun katur purwa wasaneku. Prabu Jaka langkung trusthanireng galih. wus inganggêp putra prabu. ginanjar makutha kaot.

14. Agêmira sang prabu. buntut untu atanapi siyung. binrongsong mas tinaretes sosotyadi. sisik linapis mas murub. kalung sosotya mancorong.

15. Myang pinaringan cupu. asthagina isi lisah kayun. kuwasanya yen wontên sarpa ngêmasi,tinetesan lisah cupu. gêsang malih lenggak-lenggok.

16. Sinimpèn wontên buntut. myang musthika naga kwasanipun. sinuyutan sakehe sarpa sabumi. dumunung ing cêthak murub. dhawuh dalêm sang akatong.

17. Eh sakeh wadyaningsun. piyarsakna samêngko si Linglung. ingsun junjung pangkat pangran adipati. manggon ana Tunggulwulung. wus kulup mundura gupoh.

18. Aywa kuciweng laku. lah arakên lakune si Linglung. Jan rêksanên sacara-caraning janmi. pangran dipati wus mundur. ing. marga tan winiraos.

19. Mandhireng Tunggulwulung. dupi antuk sawarsa sang Linglung. anêlaskên iwen wus katur sang aji. gya ingêlih dalêmipun. myang winulang rama katong.

20 Ing ngelmi agal-lembut. wus kacêkap tan ana kalimput. Tunggulwulung tapa mangap neng wanadri. awit sangking laminipun. badan kathukulan bondhot.

21. Nglênggirik kadya gumuk. ical sipatira taksaka gung. tutuk kadya wiwaraning guwa wingit. wus matêng ing tapanipun. manungsa tan ana wêroh.