kang agambuh pupoh.
1. Sing sapa unggul pupuh. amateni mring si baya-pingul. gêntenana sadhela jumênêng aji. Juwarana punagiku. sarpagung turira alon.
2. Tan lengganeng ragengsun. anglampahi pasang giri prabu, nanging lampah amba punika tinuding. wusing nyirnakakên satru. ngulati pacangan katong.
3. Rehning dereng kapangguh. Prabu Rara angandika arum. pacangane ramanta pan ingsun iki. sira munjuka sang prabu. ngulati pacanganingong.
4. Ywa krama liyaningsun. nanging andadekna kawruhamu. ramanira tan widada madêg aji. namung tigang warsa puput. ginantyan kang darbe kraton.
5. Ing ari Budha besuk. lek purnama Galungan kang wuku. dakaturi têdhak mring kadhaton mami. sira sun rabekken kulup oleh Balorong yu anom.
6. Dhaubnya tan cinatur. Jangkung rame ing bawahanipun. ing dharatan pagêblug agêng (n) dhatêngi. wusing dhaub madeg ratu sapta ri gya pamit gupoh
7. Linilan pamitipun. myang winisik kang badhe tinêmu. ing sarira miwah jangkaning nagari. purwa madya wusaneku, wêlingira wantos-wantos.
8. Sri putri malih muwus. Linglung Tunggulwulung jujulukmu. têmbe sira karsaning Hyang angratoni. lêlêmbut ing gunung-gunung. mring sira anganggep katong.
9 Kala patêmbenipun. sira dadya ngalamat satuhu. dauruning jaman myang kêrtaning nagri. wis mangkata sira kulup. garwamu rara Balorong
10. Mênek ngribêti laku. Jah tinggalên neng kene rumuhun. sira aja mêtu marganira lami. têlêng samodra kapungkur. ambles ing
pratala gupoh.
77