Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/96

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

15. Gya pinêndhêt ingêlih maring ing lumbung. dupi uwosira enting. nyai randha mêndhêt pantun. mring lumbung ambuka kori. mêndhêt sabêlah ginendhong.

16. Tigan ingkang dipun dèkèkakên lumbung. sampun nêtês nanging warni, taksaka agêng kalangkung, ngalêkêr pinuju guling. kagyat nulya tatanya lon.

17. Paran karsa nini sira marang lumbung, nyai randha nulya nolih. anon sarpa nulya gugup. gya dhawah bali anjelih. lumajêng aketol-ketol.

18. Arsa lapur dhumateng ing sang nindya nung. taksaka suka ningali. wus mêdal saking ing lumbung. mring gyannya dyah Rarasati. sarwi ngling dhuh ibuningong.

19. Dewi Rarasati gumuling akantu. wungu nututi bok nyai. sakaliyan prapta sampun. ngarsanira kyana patih. naga wus neng wuri (n)jongok.

20. Nyai randha myang Rarasati duk (n)dulu. samya gumuling ing siti. kya patih arsa lumayu. naga gumujêng sarya ngling. kaki aja jrih maring ngong.

21. Kene payo padha lungguh kang pakantuk. kya patih ngoplok lingnya ris. lah ula apa sireku. tanpa sangkan (ng)gonmu prapta. sang naga saurira lon.

22. Kaki ingsun unjukna mring rama prabu. kyana patih anauri, mung manthuk lumaris gupuh. risang naga aneng wingking. dupi prapta ngarsa katong.

23. Kyana patih dereng munjuk sang aprabu. naga wus neng wurineki. Prabu Jaka gya andangu, eh ula apa sireki. de bisa clathu lir uwong.

24. Naga matur ngakên putranya sang prabu kalangkung dennira runtik. eh ula kawruhanamu, ingsun iki durung rabi sira têka anyalemong.

25. Lah lungaa yen kasuwen têkeng lampus naga karuna turnya ris. (ng)gêlarkên nalikanipun. sri papara ing wanadri

tumêkeng kundur ngadhaton.

75