4. Apêsipun sagêd pandhe damêl dhuwung. Ki Kapalang mojar. o (ng)ger dede têdhakneki. nanging yêktos pancen pandhe damêl kula.
5. Gathuk muwus lah apa bênêr bêthekku. yen damêl curiga. punapi (ng)gih denukuri. panjangipun punapa sakarsa-karsa.
6. Myang landheyan waos punapa ingukur. napa manut bakal. Ki Kepalang anaur. dhuwung miwah landheyan wontên ukurnya.
7. Watonipun kalamun adamêl dhuwung. panjangipun ganja. ingkang kaukur rumiyin. lajêng kangge ngukur panjanging curiga.
8. Awit bongkot kajawine pêsinipun. dumugi pucuknya. nênêm wêwilanganeki. kang rumiyin cakra kapindho gundhala.
9 Tiga gunung ping sakawanipun guntur. ping gangsal sagara kaping nênêm madu nênggih. ingkang sae têkeng pucuk dhawah arga
10 Tuwin dhawah sagara utawi madu. titiga prayoga. utawi dhawah jaladri, gya winalik sangking pucuk pangukumnya.
11. Tekeng bongkot kajawining pêsinipun. kang langkung utama ing pungkasan dhawah ardi. lah punika ingkang pantês pinilala
12. Lamun damèl landheyan waos ingukur. kêpêlnya priyangga. sakawan etanganeki. sangga runggi sarah watang kang prayoga
13. Den dhawahna sangga ing pungkasanipun. Gathuk (n)dhèku lingnya paringe kakang kapundhi. Ki Kapalang noraga matur rahadyan.
14. Dhuh sang luhung bilih marêngi ing kalbu. kampir wismaamba. ing Dhandher tan pati têbih. dhusun ingkang katingal ngajêng punika.
15. Apuntênta paman ingsun arsa laju. (n) dumugekken lampah.
(m) bungkuk Kapalang tur inggih. botên langkung kula (n)dherekken raharja.
70