36. Wus pisah lan badanipun. mung sapucang agêngneki. Gathak Gathuk latah-latah. ana maneh angungkuli. duweke rêca Ki Gaprang, kalah dawa gêdhe iki.
37. Rahadyan nulya tumurun, ngaler ngereng-ereng wukir. anon balung agêng panjang. tikêl pat lan kang rumiyin. prapteng ngare angandika. lir mas tumimbul ing warih.
1. Lah ta Gathak sira umentara aglis. maring padhusunan. katemua kanca bumi. angilenana dawêgan.
2. Wus umentar (n)jujug wismane patinggi. gupuh ingacaran. lah panten karsa punapi. kula yun ngileni dêgan.
3. Anak kula kalantih neng suku wukir. ki patinggi lingnya. botên susah angileni. nulya ngambil kang dawêgan.
4 Patang iji sampun pinarasan sami. lah panten sumangga. kula bêktane pribadi, kerit lampahira Gathak
5. Prapteng ngarsa mundhuk-mundhuk ki patinggi. Jengrêsmi ngandika. kaki sun tanya sireki. wisma miwah kang sinambat
6 Nama karan dhusun kang kula ènggeni. punika Padhangan. katelah sami mastani. dhateng kula Kaki Padhang
7. Sumapala kamipurun ingkang abdi. ngaturi sugata. lumayan jampi kêlantih. sacêrêt wêning dawêgan
8. Iya kaki bangêt panarimamami. pasihanta mring wang. Allah ingkang ngudaneni. ing sakalêthêking manah.
9. Radyan ngunjuk ing wêning nyu sawatawis. têlêsing gorokan. karaos nikmat ing dhiri. ngandika alkamdulillah.
10. Linorotkên marang santrinya kakalih. we-nyu papat bebas. dawêgan gya den klothoki. ngalih sewang samya têlas.
11. Radyan angling kaki ingsun minta uning. mau ingsun ngambah. padhukuhan suku ardi. myat balung keh agêng panjang
67