25. Sarahing tukang linuhung. myang palatukbawang paksi. apa kang dak walêsena. Ratu Mas turira aris. luwih karsaning Huang Suksma. ingsun iki mung sadarmi.
26 Kabeh kang wus ingsunwuwus. iku darbekmu pribadi. amung kang mêdharkên ingwang. sarehne wus lingsir akir. sun pamitan lilanana. mantuk mring kahyangan mami.
27. Wus tan katon kangjêng ratu. Gathak Gathuk nuli tangi. sarya matur mring rahadvan. kawula satengah ngimpi. mireng swara tanpa rupa. amung ganda mamrik minging.
28 Lir tindhihên raosipun. sruwing-sruwing kapiyarsi. tukang platuk lunjak-lunjak. sarah-sarah denadhangi. punika ginêm punapa sinten rencang paduka ngling.
29 Rahadyan ngandika arum. kawruhanamu kang prapti. anêmoni jênêngingwang. iku ratuning dhadhêmit. ngadhaton ing Bagor wana. ing nguni putri narpati.
30 Sang Aprabu Majalangu. Brawijaya kang sisiwi anggentur amatiraga. tan sarju salin agami. katrima panedhanira. bisa jumènèng narpati
31. Ngratoni sagung lêlêmbut. sajroning Bagor wanadri. sabên bêngi manyêman. Gathak Gathuk duk miyarsi. marinding githok mangkarag. wus awanci pajar sidik.
32. Samya wulu waktu Subuh. paragat dennya ngabêkti linggar sangking Sugihwaras. ngancik suku Pandhan wukir. manjat manginggil wus prapta. ing dhusun Kadhaton nami.
33. Nyabrang lepen mili ngidul. toyanya nyarong awêning. miyat balung langkung kathah. agêng-agenge nglangkungi. lajêng lampahira radyan. wus prapteng sukuning ardi.
34 Ing Gambiralaya gunung. nulya umanjat manginggil. prapteng pucak non pratapan. tanggul siti angubêngi. tinanêman sasekaran. argulo gandanya amrik.
35. Pinecakan kubengipun. tigang dasa langkung kalih. (n)jawi
tanggul kidul wetan. wontên rêca sela langking. patrape lir janma priya. mangku palananganneki.
66