14. Wisa tawa sawabipun. isining wisma sakalir. têbih sangking ing lalara. nênggih atinipun malih. ingusapakên ing dakar. bêtah sahwat sawabneki.
15. Ingkang ilat kinaryeku. jimat sawabe tan kenging. ing luwe bêtah alapa. lawan kulitipun malih. tinalekakên padharan. yeku bêtah luwe malih.
16. Kêpalanira kang manuk. kinarya jimat ngajurit. kinajriyan marang mengsah. yen wontên wisma upami. panas tan kena kanggonan. pinêndhêman êlarneki.
17. Panjawat kang têngenipun. wolung lembar aja luwih pêpadonipun lor wetan. dadya tawa panasneki. gêtih denakingkên ika. winor lawan bawang abrit.
18. Lawan adas nulya kinum. ing toya neng pinggan putih. karya jampi lara netra. pinupuhakên tumuli. insa Allah dadya waras. yen wonten sasakit kuping.
19. Pinupukakên pan mantun. lamun arsa denkasihi. lan wong akeh myang yen arsa. sugih lan yen arsa dadi. barang ingkang tinanêman. puwasaa tigang ari.
20. Den kadya puwasa agung. winatêka donganeki. puniki mele kang donga. Allahuma barkat saking. Gusti Bagendha Suleman mung iku tan ana malih
21 Kang pinangan atinipun. ingolah sakalir-kalir. yen wus dennira puwasa. matêk donga sarwi bukti. yen adagang myang ngawula. den têtêp hya walanggalih.
22. Kalamun arsa sireku. siniyan wong kathah malih. tyas lan ilat winor barang. olah-olahan binukti. Jamun arsa matenana. ing wong durjana mamaling.
23. Ingkang kiwa tapakipun. sinundêp ing cucuk nênggih. insa Allah pêsthi pêjah. lamun arsa sugih ngelmi. tyas binukti lawan. uyah. goreng wus titi kang paksi.
24. Rahadyan ngandika arum. Ratu Mas Trêngganasasi. banget ing panrimaningwang. sira sung pitutur jati. ngalamateng paksi
dhandhang. miwah pêksi prênjak muni.
65