Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/85

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

3. Yen tan pasah kang tinanduk. dadya sakit gêng (n)dhatêngi. tan waras prapta ing pêjah. ilating pêksi winarni. dhinahar ingkang paedah. ing pamicara patitis.

4. Netranira kang ginantung. munggeng saluhuring kori. têbih saking duratmaka. wuluning murda kinardi. sumping rarywa lit sawabnya atêbih saking panyakit.

5. Polo pan kinarya pupuh. ing netra pan datan keni. ing lalamur sawabira. jajantungipun binukti. sawabira sarwa gampang. sabarang ingkang kinapti.

6. Lan kabuka ngelmunipun. apêruninpun upami. winor lan minum-minuman. miwah winor lawan jampi. sawabe rikat lumajar. pringsilanipun binukti.

7. Kinasiyan sawabipun. mring wanodya lawan malih. kinasiyan mring pandhita. miwah maring para wali. dhadhaning pèksi dhinahar. sawabipun lamun sakit.

8. Enggal ing waluyanipun. brotol binukti pawestri. sawabipun kinasiyan. dyah ika maring ing laki. buntut winor lan gulunya. binasmi nulya binukti.

9. Ing pawestri sawabipun. Jinuwih samining estri. Jaripun kinarya gêlang. elingan sabarang kardi. lawan malih ingkang êlar. winor ing sabuk prayogi.

10. Kinasiyan sawabipun. Jamun suwiteng narpati. yen sineleh sorring bantal. patilêman sawabneki. tiningalan sarwa endah. tur rinêksa ing Hyang Widdhi.

11. Sawabe ingkang babalung. akuwat yen densimpêni. myang balung suwiwinira. sinelehakên ngisoring. pasareyan datan liyan. sawabe akuwat malih.

12. Atinipun pan ginantung. Juhure dennira guling. sawabipun bêtah sahwat. yen winor lisah kalèntik. myang wawêdhak ingkang sahwat. sima sagunging sasakit.

13. Suku kalih sawabipun. lamun pinêndhêm ing sabin. myang

sakehing tatanêman. tulus wohipun andadi. lamun malih ingkang manah. ginêlangakên ngasteki.

64