33. Datan têdhas ing sanjata dening. utêke denuwor. barang lênga dene panganggone. ana gawe cinampur ing dhiri. watêk têguh nênggih. luput sênjateku.
34. Lambe ilat den (ng)go jimat nênggih. kalis gêlap rêko. apan siung kalawan kukune. pan kinarya ngukur janma guling. insa Allah mati. nênggih wong puniku.
35. Utawa denkosokaken janmi. dadi kaku kang wong. den (ng)go sipat nênggih gêgêtiye. barang ingkang aningali asih. lamun denwor warih. nênggih banyu susu.
36. Nuli denusapaken ing kendhil. ujare pawartos. datan mateng nênggih liwêtane. wulunipun densêbar ing panti. paedahe malih. durjana tan wêruh.
37. Anadene wewudêlireki. den (ng)go tamba kang wong. lara busung kang têngên matane. denwor lawan gêtih sêrut nêngih. lan luhe wong nangis. den (ng)go sipat iku.
38. Insa Allah wong liyan ningali. pasthi datan wêroh. lamun lungan pan denusapake. saka omah paedahe nênggih. tan kêneng denambil. duweke wong iku.
39. Mata kiwa denwor lan kasturi. miwah kapur-baros. apan den (ng)go nênggih sa Allahe. denkasihi wong lanang wong estri. wus titi nikmati. sato muka lutung.
40. Ana maning sarah ingkang paksi. platukbawang kaot. luwih akeh tinimbang tukange. wulu daging jroan balungneki. kabeh mupangating. kanthi pedah luhung.
1. Lah pirêngna radyan ulun. amarna sarahing pêksi. saking Jêng Nabi Suleman. nênggih ingkang anjarwani, kang pêksi pêlatukbawang, keh manpangatnya winilis.
2. Yen kang rumiyin dinunung. cucukipun ingkang nginggil. karya sepuhing gagaman. gagaman sakalir-kalir, sawabipun datan
ana. wong teguh tan pasah titis.
63