30. Rahadyan manis ngandika. man Carita bangêt panrimamami. buja kramanta miring ulun. Allah kang malêsêna, reh wus siyang ulun (m)dumugekkên laku. Ki Carita aturira, sumangga karsa sang pêkik.
31. Kapungkur ing Pakel desa. lampahira ngaler ngetan lêstari. kèndêl kalanireng waktu. prapta ing tanah Tuban. aso aneng ngandhap randhu-wana agung. Gathak Gathuk gawok mulat. agênging wit anglangkungi.
32. Kubênge gya pinêcakan. kupêngira pitung dasa kakalih. radyan utusan mring Gathuk. kinen ngupaya toya. gya umentar tan pantara têbihipun. anon sumur sela krêsna. toya lêbêt langkung wêning.
33. Wangsul matur ing rahadyan. pinurugan lawan santri kakalih. sumur watu kebak banyu. malah kongsi (m) baludag. karamate cacalon wali linuhung. Gathak Gathuk kagawokan. nulya ngambil toyastuti.
34. Rampung dennya samya kadas. toya mendhak pulih lir nguniuni. wangsul wêktu ngandhap randhu. bakdane salat Ngasar gya tumindak gandrung-gandrung kapirangu. engêt mring kakalih kadang. sira yayi marang ngendi.
35. Anon sumber binalumbang. toya wêning winastanan ing Bêkti. Rancangkapti ariningsun. nguni karêmênanta. adus marang balumbang ingkang binatur, radyan kèndėl sawatara. anulya lumampah malih.
36. Ngidul ngilen prapteng wana, langkung wêrit andungkap waktu Mahrib. kèndêl ngandhap mandera gung. aneng têpining
sêndhang. binotrawi pinagêran sela pingul. sawusing têtoya kadas. ngrarasati wêktu Mahrib.
59