Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/8

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

Wiwiting panggarap Sêrat wau ing dintên Sabtu Paing, tanggal 26 Sura. sinèngkalan 'Paksa suci sabda ji', taun Jawi 1742 utawi taun Masehi 1814. Dados umuripun sampun 171 taun. Sarêng sampun dados. Sêrat wau kaparingan nama 'Suluk Tambangraras' ingkang umumipun sinebut 'Sêrat Cênthini'. Dene nama 'Centhini' wau mêndhêt namaning cethi-abdinipun Niken Tambangraras ingkang dados garwanipun Seh Amongraga.

Saking pêpak lan kathahing isinipun Sêrat Cènthini wenang sinêbut 'Ensiklopedi Kabudayan Jawi'.

Sêrat Cênthini 'pêthikan'

Ing ngajêng sampun kaaturakên bilih Serat Centhini Latin wêdalan Betawi taun 1912 punika 'pêthikan'. mila botên jangkép kadosdene aslinipun. Dene larah-larahipun. Sinuhun Paku Buwana VII (1830-1855 M) dhawuh nêdhak Sêrat Cênthini asli jilid 5 dumugi jilid 9. Ing jilid 5 kadhawuhan nambahi 'bubuka' dening pujangga Raden Ngabei Ranggawarsita. Bubuka wau arupi sêkar Dhandhanggula 17 pada tuwin Sinom sapada. kanthi sengkalan 'Tata rêsi mulang janma'. taun Jawi 1785.

Sêrat Centhini pêthikan' mawi 'bubuka wau kapisungsungakên dhatêng raja Walandi. Dumugi sapunika kasimpên ing Universitas Leiden. nagari Walandi. Sêrat pêthikan wau katêdhak dening 'Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschahppen Lajêng kawêdalakên aksara Latin ing Betawi. Saderengipun kacetak. kataliti dening Raden Ngabei Suradipura. Raden Prawirasuwignya tuwin Raden Wirawangsa. sarta dipunsukani Katrangan minangka bubuka' dening Raden Mas Arya Surya Suparta, jurubasa Jawi ing Surakarta ingkang têmbenipun jumênêng Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara VII (1916-1944) ing Surakarta.

Pêrlu kawêdalakên ing aksara Latin

Sêrat Cênthini ingkang umuripun sampun 171 taun lan isinipun sakalangkung kathah sarta pêpak bab kawruh. pangawikan utawi kabudayan Jawi punika satunggaling warisanipun luluhur

Jawi ingkang wênang sinêbut adiluhung. Jer Sêrat punika babon

v