Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/79

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

23. Gathak Gathuk ingacaran. lah suwawi (ng)ger aywa isan-isin. (n)dika nêdha kang pakantuk. (ng)gih wakne ywa sumelang. Gathak Gathuk (ng)gennya nêdha angathêkul. kalihe wus tuwuk samya. angêndhoni sabukneki.

24. Radyan ris tanya Ki Crita. kadiparan cariyosira nguni. griya myang kêpek gumandhul. Ki Carita turira. inggih sangking gotekipun tiyang sêpuh. griya winastanan sanggar.-pamujan kala rumiyin.

25. Kêpek kakalih punika. kang satunggal pan isi sinjang lurik. warna-warni corekipun. miwah sinjang praosan. dhêsthar têpen renda myang praosanipun. dene kêpek satunggilnya. isi kampuh gadhungmilathi.

26. Mawi kaparaos jênar. kacariyos kagungan dalêm Gusthi. Kangjêng Nyai Rara Kidul. sabên taun sapisan. kulabêkta dhumateng ing wismaulun. mariksa jangkêping cacah. sarta ngiras angisisi.

27. Sampuning jangkep kang cacah. lajêng wangsul marang ing sanggar malih. nalika pamêndhêtulun. tuwin wangsuling barang. sampun tamtu wontên sima kang tut pungkur. nanging sangking katêbihan. punika sima kang jagi.

28. Sabên dalu tiga-tiga. bilih siyang sami awami janmi. wit pakel sangajengipun. ing sanggar kalih pisan. miwah uwit duren kakalih puniku. aneng kiwa têngan langgar. tanêmanipun Jêng Gusti.

29. Panembahan Senapatya, mila saben woh katur miring Mantawis. Gathak Gathuk ririh muwus, wakane napa ingkang. den arani sima-gadhungan puniku, de tyang datan mawi tungkak.

(ng)gih makatên gotèkneki.

58