15. Ngintip-intip Gathuk Gathak. anon janma titiga samya linggih. kadi mentas samya turu. dupi miyat jro langgar, ana tamu katri eca dennya lungguh. tri umentar gagancangan. tur uning mring Jurahneki.
16. Dupi prapteng ngarsa lurah. atur uning ing langgar ana janmi. titiga juga binagus. rêspati mawa cahya, winatara sadalu mang- gen neng ngriku. ki lurah gawok ing driya, wus anarka yen wong luwih.
17. Parentah mring rabinira. heh Rubiyah sadhiyaa den aglis. bucu kang apik sananjung. iwak dhendheng manjangan. bayêm ati gudhang pon-êmpon myang timun. siwalan ingkang dawêgan. miwah lêgene hya lali.
18. Rubiyah matur sandika. wus samêkta ki Jurah miwah rabi. laju marang sanggar gupuh. umarek mring rahadyan. prapteng ngarsa matur marang sang linuhung. anggêr kula nilakrama. sintên sinambating wingking.
19 Paman kula santri moyang, angulati kadang ingkang Junga nis. saparan kawêlasayun. balik ta sinten paman. Jurah matur kang sotah mastani ulun. Ki Carita dadya lurah. ing dhusun Pakel puniki.
20. Mila kula gupuh sowan. de rumiyin tumêka ing samangkin. tan ana janma kang purun. lumêbêt maring sanggar. mung paduka saestu lamun linuhung. baya trahing maratapa. wijiling andana warih.
21. Kamipurun abdipara. atur dhahar lumayan ing kalantih. angsala barkah pukulun. kasawaban nugraha. wus tinata sang luhung ngecani kalbu. dhahar watara sak kluwak. dhendheng manjangan sacuwil.
22. Atobbe ambal-ambalan. wus dumugi rampadan gya cinarik. dhaharan lumadyeng ngayun. siwalan myang deresan. Raden
dhahar siwalan tanapi nginum. deresaning kang siwalan. nikmat sêgêr sarireki.
57