7. Tumindak anon bêlikan. toya wêning rahadyan miwah abdi, samya ngambil toya wulu. wus malbeng jroning langgar. Gathak Gathuk adan nanging datan sêru. tyasira tansah trataban wusing sunat parlu Mahrib.
8. Linajêngkên wêktu Ngisa. paragating sêmbahyang amiyarsi. swaraning janma gumrumung. Gathuk enggar tyasira. ririh angling Gathak payo padha mêtu. nêmoni janma kang nywara. baya iku ingkang kêmit.
9. Kaliye mêdal lon-lonan. prapteng jawi sru kagyatireng ati. anon sima samya turu. ngubêngi ponang langgar angalemprak adu pathak adu bathuk. ngorok (ng)gerêng sasênggoran. Gathak Gathuk wangsul aglis.
10. Wel-welan matur ing radyan. dhuh bêndara kawula tur udani suwara janma gumrumung. dupi kawula mêdal. yun manggihi sun sêngguh janma satuhu. kang samya yun maring langgar jebul sima kathah guling.
11. Cacahipun tan kantênan. leseh anjrah kadya babadan pacing. mangke mênek samya wungu. tan wurung anêmpuh byat. (m) barakoti angêmah-ngêmah mring ulun. rahadyan mêsên ngandika. sira ywa padha kuwatir.
12. Luwih karsane Pangeran. yen wis pasthi tan kêna owah gingsir. tan kèna kalamun luput. tan luput lamun kêna. balik padha pasrah sumarah Hyang Agung. kawula amung sadarma. lir sarah aneng jaladri.
13. Wis Gathak Gathuk turua ingsun ingkang ngêleki têkeng enjing. rarywa kalih nulya turu. ngaringkêl datan obah. datan segu radyan munajat sadalu. miminta ing karaharjan. dupi wusing bangun enjing.
14. Sêmbahyang Subuh pribadya. wusing bakda akaring pajar sidik. ginugah kang samya turu. tangi arêmrêm-ayam. miyarsakkên swara sepi tandya lungguh, meh raina masêmu bang.
Hyang Haruna ayun mijil.
56