35. Sêkar konyoh amenuhi. dupanira datan kendhat. tinengga palawangane. Gathak Gathuk lon tatanya. kiyai niku napa. jurukunci lon sumaur. bagus niki panyadranan.
36. Kang jaler nama Kiyai. estri nama Nyai Gaprang. pan dadya pakaulane, kang samya aminta barkah. nyunyuwun ge susuta. sarat lênggah kalihipun. ngungkurakên kyai rêca
1. Lah punika palanangan. ingkang ngadêg sipat grananya kyai. ingkang samya anunuwun. sawusing adudupa. nulya matur punapa sakajatipun. lamun nyuwun ge susuta. kalihe samya nglinggihi.
2. Ing pucuking palanangan. kang wus klakyan tumuntên darbe siwi. Gathak Gathuk angacêmut. i tobat nora nyana. ingkang jêjêr ngather iki dadi pêlus. radyan lajêng lampahira. manjing Lodhaya wanadri.
3. Miyat wisma lit gêdhegan. payon atêp ing salêbêting panti. ëgong sajuga gumandhul. nulya kampir rahadyan. tan adangu jurukuncinira rawuh. tatanya punapa karsa. Gathak Gathuk lon nyauri
4. Kula mung kampir kewala. kadipundi dene gong neng wana dri. jurukunci sauripun. sampun kina-makina. pan dumadya. pupundhene tyang sadhusun. naminipun Kyai Pradhah. sintên ingkang darbe kardi
5. Mawi anabuh gamêlan. tamtu ngangge êgong Pradhah Kiyai. yen tan makatên saestu. bilai kasusahan. sabên dintên mila dinupan kumêlun sinêkaran binorehan. dadya warni nganti kuning.
6. Rahadyan wusing miyarsa. cariyosnya kiyai jurukunci. nulya lajêng lampahipun. lumêbêt padhêkahan. aningali wisma alit dhapur tajug. ngandika mring Gathuk Gathak. payo ngaso
maring masjit.
55