Menyang kontèn

Kaca:Serat Centhini Latin 1.pdf/70

Saka Wikisumber
Kaca iki wis dikorèksi

ba ngasih-asih, mundhut lilah ngrarepa.

10. Karsa mulihakên tyasing abdi. sareng rayi dalem angandika. inggaring tyas amba mangke. nyumanggakkên sakayun. mung sadarmi (n)dherek kang abdi. anulya mundhut reyal, cacah wolungatus. busana maneka warna. pinaringkên dhateng ing punggawa m'antri. pipikul Surabaya.

11. Samya enggar manahipun sami. prêmbik-prêmbik thukul kasuranya. jêng sultan asru gujênge. bacutna ariningsun. nuwun rayi dalêm jêng gusti. kathah kang pangandika. nyênyês manis arum. kados mêjang ngelmi nyata. agêndhagan abdi dalem botên apil. panjang angandhar-andhar.

12. Abdi dalem tyang sa-Surawesthi. sarêng mirêng ingkang pangandika. samya madêg kasurane. matur asênggruk-sênggruk. aprasetya mawanti-wanti. sadaya ambêg pêjah. nadyan lêburluluh tan gumingsir ing ngayahan. saya suka sang aji ngandika aris. mara yayi banjurna.

13. Enjing lajêng têngara tinitir. rayidalêm madêg senapatya. neng joli mangku pistule. kawula aneng pungkur. numpak kapal datan cumuwit. gêlaripun ngayuda. garudha maniyup. kuli binusanan abra. dadya cucuk rayidalêm dadya têlih. prajurit Surapringga.

14. Kang minangka gêlar nganan-ngering, alimunan datan katingalan. amung cucuk medheng-medheng. surak mawantu-wantu. wadya Giri lajêng miyosi. nir baya nir wikara. gupuh amanêmpuh. senapati Endrasena. sawadyanya tyang Cina wira ing jurit. rame campuhing yuda.

15. Pan kapilis wadya Surawesthi. ngungsi (ng)gyaning risang. senapatya. rayidalêm timbalane. Iho kathik padha mlayu, aturipun botên lumaris. angêncêngi dandosan. Endrasena anglut. tandangnya lir Radyan Seta. rayidalem mistul tangan tengên

kêni. pêdhangipun wus gagal. [1].

  1. *) Prayoginipun/gigal/ - dhawah

49