3. Lakinira mengko ana ngêndi. kangjeng ratu matur saha nêmbah. kakang prabu pangestune. mundhi dhawuh pukulun. amba miwah kangmas dipati. myang wadya Surabaya. sadaya rahayu. ingutus wus antuk karya. Sunan Giri ing aprang sampun kapilis. ing mangkya kula bêkta.
4. Laki ulun ngentosi neng jawi. cumadhong ing dhawuh sri narendra. jêng sultan utusan age. nimbali ipe prabu. Pangran Pêkik sampun akerit. prapta ing palataran. (n)dhadhab mundhuk-mundhuk. lênggah konjem ing pratala. gya ingawe jêng pangran majêng wotsari. mangraup pada nata.
5. Padha bêcik satêkamu yayi. dene lagi sawatara dina. apa baya antuk gawe. jêng pangran nêmbah matur. dhuh gustiku kalipah Widdhi. musthikaning bawana. kinasih Hyang Agung. pêngestu dalêm narendra. kawula myang abdi dalem Surawesthi. sadaya karaharjan.
6 Nuwun sampun kawula tinuding. (n)dhawuhakên timbalan narendra. dhatêng Sunan Giri Prapen. supadi ywą kadaut. kajengipun ingkang nalisip. tan ayun sumuyuta. ing pada pukulun. sakawit patik piyambak. tanpa kanthi pinanggih Susunan Giri. pinuju pakêmpalan.
7. Para kaum andher ngarseng rêsi. lawan wontên tyang Cina mualap. kalih atus prajurite. sampun Islam sadarum. lurahipun pinëndhêt siwi. ingaran Endrasena. saestu pinunjul. punika ingkang amawa. kadauting tyasira sang maha rêsi. sinantosan tyang Cina.
8. Ulun paripih sangkaning aris. meh sadalu mêksa botên mêmbat. gèbès tan wontên ature. pêgêling tyas kalangkung. ulun mantuk datanpa pamit, enjinge mapak yuda. meh sadintên muput. wadya dalem Surabaya. pan kasêsêr kasesêr giris pangamukireki. Endrasena prawira.
9. Ing sasaged amba ambolehi. mêksa mopo miris ananggulang. wadya Giri pangamuke. tyas amba ngrês kalangkung. sumpêg
pêpêt kewran ing pikir. rayi dalêm duk priksa. bilih amba minggu. tan wontên wênganing manah. ngandika rum dhatêng am
48