8. Nadyan (n)dhatêngêna malih rajeng kluwung. pra abdi datan gumingsir. Pangran Pêkik ngandika rum. kabeh aturira sami. bangêt ing panrimaningong.
9. Karuhane lamun ingsun wus pinangguh. pribadi lan anak Giri. wurung sidaning prang pupuh. sawuse ingsun pinanggih. apa anane ing kono.
10. Balik padha sadhiyaa ing prang pupuh. kêrigen sawadya mami. manawa dadi prang pupuh. gustimu sêdya (n)jênêngi. jurite wong Surengkewoh..
11. Pangran Pêkik wus kundur mring dalem agung. bibar kang samya anangkil. bakda Ngisa wancinipun. jêng pangeran arsa nyilip. para wadya tan ana wroh.
12. Laju maring Giri lumêbeng kadhatun. wau ta Susunan Giri. lênggah ingadhêp pra wadu. Endrasena tansah ngarsi. jêng sunan ngandika alon.
13. Heh ta kulup kabare sultan Mantarum. utusan mring jênêng mami. pinrih nungkul Sultan Agung. yen bangga ginêpuk jurit. ngrusak ing Giri Kadhaton.
14. Kang denutus rama Pangran Surengkewuh. nanging tikel tuwa mami. amung bapak-bapak awu. garwa ratu Pandhansari. melu nanggulang pakewoh.
15. Kaya priye kulup kang dadi kencengmu. ing mengko ingsun mung darmi. miturut kakencenganmu. nungkul apik nora apik. sira kang nyangga bot-repot.
16. Endrasena duk tampi timbalan wiku. karna ro kadya sinêbit. netra ro andik kumukus. kamêjot padoning lathi. matur mring sang wiku gupoh.
17. Dhuh jêng rama ingkang minangka satuhu. pupundhen ing tanah Jawi. Waliyolah cucu Rasul. kang wus linilan Hyang
Widdhi. sadhengah kinarsan klakon.
27